Saturday, April 16, 2016

Nguri uri

Dadose mekaten.

Kula ajeng crito pas kula alit. Dados, saking kula alit, kiro-kiro pas tk biyen, niku bapak mesti nyontoni kula dingge nguri uri lan ngrumat opo wae. Contone, ket biyen bapak iku wong e rapi, barang opo wae mesti dirumat tenanan.

Bapak mung ngendiko
"Koe bakal ngerti rasane ngrumat nek koe nduweni".

Ket biyen aku ra dhong bab iku, soale yo opo sek tak nduweni saiki ki hakikate yo kangungan e bapak ibu. Dadose yo aku kurang iso ngerti rosone nduweni. Lha banjur aku wis, bar 10tahun mengarep, ngerti rasane 'ngentukke' barang. Yo aku njuk ngerti rasane ngrumat mergo perjuangan mbiyen. Seko kono aku lagi ngerti nguri uri ki ora gampang. Ngrumat niku wajib hukume menurutku.

Na perkoro mau iki dadi latar belakang, mau isuk pas nyaponi latar aku lagi ngerti. Ujuk ujuk kok kelingan ngendikone bapak. Mungkin saiki kula wes teng fase, sementara mboten nyuwun arto, dadose kula ngertos tumbas barang niku mboten gampang lan njogo ki wajib mau hukum e.

Banjur kula sadar, niki namung opini mawon, koyo hakikate urip menika sedoyo namung titipan e pangeran. Dadose opo wae kang dicaosi pangeran niku kudu disyukuri, nah mbok menowo opo opo niku kedhah dipundhut geh ampun nelangso, lha wong hakikate niku namung dititipi, dicaosi. Kewajiban menungsa, domain, wilayah e menungsa kan namung nguri-uri. Legowo mawon lan nrimo.

Lha kok njuk bar kui aku kelingan istilah

" memayu hayuning bawana"

Aku ra ngerti kui frase jowo opo hubungan e ro rahmatan lil alami ne wong islam. Le jelas podo podo kelestarian, nguri-uri. Mbok menawa ana kaitan e. Onten buku babad tanah jawi lan budaya jawi, dereng kula raos dados dereng ngertos haha.

Geh intine niku wae, nduweni niku wau, ngrumat, jelas penting. Jan e bab bab ngeneki yo wes kerep diajarke ket SD mbiyen, bab akhlaq, adab lan sapanunggalan e.

#lagi #pengen #crito

No comments:

Post a Comment